Titenono ...

| |

nyante wae pak ... kiro kiro 10 tahun kas aku siap nggantini awakmu ... pokokmen tak jamin luwih joss seko awakmu .. nek saiki aku wis ndelok coro mu mimpin negoro wis "rodo" mending timbangane liyane ... gur sing bosok kabinetmu ... ning yo ra kabeh ... (ojo nesu lho bos ... )
suk nek aku nggantini koe aku bakal nggawe 3 partai anyar .. iki tak kandani saiki ... nek arep mbok lakokke saiki yo luwih apik .. ning nek ora yo sak karepku ... le jelas aku gur pengin ngewangi koe yo pak ...

1. ParHas (Partai Mahasiswa) >>
kui partai sing bakalan ngurusi mahasiswa sak negoro indonesia ... sing milih ..yo mahasiswa ... wonge yo kudu mahasiswa ... mikirke kepentingane mahasiswa.. ngurusi mahasiswa sing kerep demo neng ndalan .. pokoke koyo presidene mahasiswa lah ...
dadine negoro ra sah mumet ngadepi mahasiswa... ra pelu uncal uncalan bom asap nggo ngusir mahasiswa.. ra perlu bakar bakaran ban bekas ... le jelas wong enom kui ra kudu "nggeh pak" ning yo .. nduwe hak nggo nemtokke masa depan ne .. ora kok bapak bapakke sing saiki do sibuk ngentekke bondone negoro ... lha sesuk konco2 mahasiswa kumanan opone yo ...???

2.ParKer(Partai Kere) >>
iki partai sing anggotane paling akeh ... hak suarane paling akeh .. lha wong nyalurke aspirasine wong kere, pengemis,pemulung,wong tuna wisma lan sak jenisse ... sing dadi ketuane yo kudu wong seko kaum Kere ... dadi eling fileme King oh Begar yo .. yo ngono kui lah .. nek parte liane do mumet mikirke inflasi ... tetek bengek ... ParKer kui mikirke piye carane rakyate entuk sego pendak ndinone ...

3.ParKrim (Paratai Kriminal) >>
Iki parte sing kontribusi karo pendapatan negara sing paling okeh ... sing ndukung yo bangsane maling ... rampok .. pembajak .. lonte .. bakul narkotik .. bandar judi .. lan sakjenisse .. sing koyo ngene ojo di lalekke ... goro goro wong jenis kui .. justru polisi do sugeh sugeh ... jaksa do dadi milyuner .. wakil rakyat do mulyo .... mbokno isine wong penjahat ning kan yo menungso ... menungso sing butuh urip penak .. menungso sing ra kepengin sengsoro ... menungso sing ora puas karo peraturan ... birokrasi karo undang undang sing wis ono ... menungso sing diremehke karo di sio sio ...

kui kabeh mau tak lakokke suk mben yo pak .. nek saiki lagi nggagas pabrik neng nggonku sing ndessoo ... wong buruhe okeh kok SPSI ne ra jelas ... buruh nggonku gur dikadali karo pejabate... SPSI gur nggo embel2 tok .. ning gombel mbelgedes.... ra kanggo blass... buktine pas ono sing kasus di PHK ... endi SPSI ne !!! ra ono sing nggagas ... pas ono demo demo-an ... endi ra ono sing ndampingi soko SPSI .... jan pabrik ndeso tenan .... ra nggatekke wong minoritas ..ra ngajeni wong cilik ... isone nindes karo meress... ra bedo karo kompeni ... titenono suk nek aku ngganteni mas SBY ... paling durung nganti aku ngganteni SBY ketua SPSI ne wis modar sik yo ... mbuh nek aku sik sing di modarke sing nduwe pabrik .... mbuh .. ra nggagas !!!!

2 sing Ranggagas:

umi said...

aku mnelu partai mahasiswa ne yo?
ayo bos .. tak dukung ...

arief sudarmono said...

lha aq komanan dadi mentri opo je?