Suepi nyenyet ...

| | 0 sing Ranggagas

ono wong sing nggolekki sepi .. tapi okeh wong sing njaluk dikancani pas lagi sepi ....
tapi le dadi masalah nek SEPI ATINE ... ketokke nek koe wis ngalami koyo ngene gur ono 2 kemungkinan yoiku :
1. Koe koke'en salah dadi ra nduwe konco .. uripmu sepi ... koncumu kabeh palsu >> nek wis koyo ngene koe kudu ndang ngoco !!! ndang iso menerke awakmu dewe .. ojo nganti koe kokehen salah karo koncomu .. ra sah mbedak mbedakke endi sing kudu dadi konco endi sing kudu mbok adohi ... ra perlu !!
2. Koe wis wayahe nglakoni urip sing anyar ... nek koe durung dw pacar .. ndang golekko yang .. nek perlu sing okeh ... nek wis nduwe .. ndang rabio .. roso koyo ngono wis dadi wajib nek tumrape agomoku !! nek wis nduwe bojo .. ndang nggaweo anak ..

dadi intine sepi ati tetep ono tombone ... kabeh sing nemtokke awake dewe .. tapi Gusti Allah iso paring liyane ...
Nek koe lagi ngroso sepi ra ?? .. nek iyo ra sah gawe rame .. woconen wae blog ku iki .. trus jupuk isine sing apik2 wae :) .. nek ra cocok yo komen wae ...

kabeh kui apik ....

| | 0 sing Ranggagas

menungso kui gudange salah ... ra ono menungso sing paling pener kecuali utusane Gusti Allah ... menungso wis di kek'i nikmat sing turah turah ... ning ora sitik wong sing gaweane gur ngedumel wae ... koyo koyo ra tau diparingi opo opo ...
jan jane nek koe iso nggedekke roso syukur karo sing Kuoso .. kabeh ki dadi kroso penak ...
Nek jare koncoku sing ra gelem disebutke jenenge ... Gusti Allah kui maringi anugrah sing paling guediii yoiku "Cinta" ... bener banget sih ... mergo roso iki aku iso njedul neng dunia iki .. aku iso kuat nglakoni uripku yo goro goro " cinta " ...
tapi kadang pancen roso iki dadi boomerang nggo lakone awake dewe ... kadang roso iki dadi roso sing paling iso nglarani ati ... mending di kamplengi wong cino ... timbangane loro mergo roso iki .. yo ra ... ??
nek kanggone konco koncoku sing jik singgle .. cinta kui koyo soal CPNS sing bar di garap warikcanggih .. :) .. milih A opo B yo .. C opo D yo .. opo di pilih kabeh ... opo ora kabeh ..Ashhh embuh lah .... dadi bingung ..... ning pesen ku .. nek koe ra siap milih mending pasrahke wae karo Gusti Allah sing bakal ngekki pilihan sing paling apik nggo koe kabeh ... yo apik nggo sing liane .... ra sah cilik ati karo opo opo sing wis dadi kenyataan ... durung karuan opo sing mbok bayangke apik kui bakal dadi apik nggo masa depan mu .. semono ugo sing mbok arani ora apik .. nek dilakoni kanthi ikhlas .. mesti bakal dadi apik nggo kabeh ...
kuncine koe kudu jujur karo atimu dewe ... ra sah perlu ditutup tutupi .. soale opo sing dadi kekurangan go kowe malah iso dadi kelebihan nggo koe .... anggere koe iso jujur lan ikhlas nompo opo sing wis di kek'ke Gust Allah ...

Ngopo Wae Keneng ...

| | 0 sing Ranggagas

iso mbayangke ra .. wong nek wis ra dikek'i kebebasan ... kebebasan go ngomong ... kebebasan nggo ngrasakke pait legine roso ... kebebasan urip sing lumrah ....
Nek koe ngalami roso koyo ngono .. ndang sadaro .. nek koe ki yo menungso .. sing nduwe hak nglakokke opo wae sian arep mbok lakoni .. wong liyo ra iso ngatur jalan uripmu .. wong liyo gur iso urun rembug ... ra iso njiret koe kon kudu piye piye ...
Pancen koyo ngene ki angel banget ... koe ra iso mlaku sakgeleme dewe .. opo meneh nek koe wis terikat karo sing jenenge birokrasi .. nek koe gelem yo manuto peraturan sing ono .. nek ora ono yo minggato ...
Dadi wong merdeka ketokke dadi impian wong sdunia ... entuk nglakokke opo wae le penting ora ngrugikke wong liyo .. tapi kebebasan koyo ngono neh ora ono neng kenyataan saiki ... paling onone neng kolah ... koe arep njengking arep piye piye ora ono wong sing nggagas ...
Le paling ciloko anggere wong wis nggantungke nasib karo wong liyo .... wong kui ra nduwe doyo nggo tumindak opo opo ... mulo dadi wong .. mbuh lanang mbuh wedok .. kudu sing nduwe doyo .. nduwe doyo linuih dewe dewe ... nek ra koyo ngono .. koe bakal kejiret neng wong liyo .. tur koe kudu manut ra entuk ora ...

kemaki ...+ ndobos...

| | 1 sing Ranggagas


aku tau jagongan bareng koncoku ... trus critane lagi do ndobos koyo ngene ...
aku takon karo kancaku sing jenenge dian,sastro karo muni ... eh pren .. nek misalke koe nemu lampu ajaibe aladin trus koe entuk njaluk opo wae kekarepanmu ... koe meh njaluk opo ...
(dian) ... aku meh dadi wong sing paling sugih sadunia ..
(aku) lha ngopo ..?
(dian) mengko aku meh nuku pabrik sadunia .. trus tak gawe sistem monopoli nggo rantai perusahaan ku .... trus bar kui aku meh ngancurke usahane bosku ...
(aku) weeeh ... nek soe sas ?
(sastro) aku meh dadi suhune hacker sing ra umum ...
(aku) lha kok iso ?
(sastro) iyo mengko aku ben iso ngehack kabeh perangkat digital sing ono neng ndunia iki .. terutama nggone kabeh sing berhubungan karo nggone bosku ... ben kapok ... ben modar sisan ...
(aku) weeeeh .... lha nek mkoe mun ....
(muni) nek aku pengin dadi paranormal sing sekti mandraguna ...
(aku) wuih sangar ... trus ...
(muni) yo mengko aku iso ngobati penyakite wong sadunio ben mari kabeh .. kecuali 1 ...
(aku) sopo ..?
(muni) bosku .....
(aku) weeehhhh....
(dian-sastro-muni) lha koe opo dhab ....
(aku) gampang .... aku meh mateni bosmu wae ...
(dian-sastro-muni) wedan ... lha ngopo ...
(aku) lha wong jn jane penjalukan mu sing okeh tur umuk kui kan jan jane podo .. gur kepengin modarke juraganmu .... iyo to .. yo wis rasah angel angel dadi dukun po opo ....
(dian-sastro-muni) weeeehhhhh ....

Pornografi

| | 0 sing Ranggagas

Ndelokke wong saiki marakke ngguyu dewe ... pejabat do upyik dewe dewe nggagas pornografi ... jan jane pinter tenan po keminter to yo ... wong koyo ngono wae ndadak di ributke ... masyarakat ra sah dikandani definis pornografi jane yo wis do mudeng kabeh ... buktine cah bayi bayi saiki wis do koleksi gambar karo film pono neng handpone dewe dewe ...
ra sah di kandani dul !!! wis do mudeng nek pornografi kui dudu seni !! dudu penghargaan terhadap karya imajinasi !! pornografi kui nek wong nyawang trus " Greng .. " yo kui .. ra sah ndelok adegan kasur ... neng pasar neng mall we iso ono pornografi ... kui ra iso di batasi karo undang undang ... opo meneh dilarang .. lha wong pornografi kui sifat menungso sing wis ono ket lair je ...
Saiki nek playboy indonesia dicekal iso wae ... tapi lha wong do iso ngarang cerita porno dewe dewe ... iyo to ... iso do nggawe film durasi pendek dewe dewe ... lha ngono kui ra bakalan iso di batasi .... dari pada mumet mikiri koyo ngono mbok nggo liane ... duite entek nggo rapat DPR ning ra ono hasile .. mbok nggo tuku SGM opo panganan .. trus di kekke neng bayi kurang gizi .. ning yo ra sah nganggo di korupsi ... nek nganti koyo ngono yo wis kiamat wae sisan .. ben rampung ....

HrrgrraaAagghhhh

| | 0 sing Ranggagas


dadi wong cilik ki ra tau penak ... uripe di tindes karo sing rumongso luwih gedi ... nek nglawan malah di untal .. nek manut keplenet ...
jan jane menungso wis nduwe dalan dewe dewe .. sing saiki ngroso ketulo suk mben Insya Allah bakal dadi wong mulyo .... anggere deweke tetep eling karo gusti Allah ... ben wae wong sing saiki gaweane gur nendang kono nyikut kene .. nguntal kono mateni kene ... ra sah di "sepatani" sesuk wis di booking karo sing njogo neroko ...
Mulo saiki konco koncoku sing dudu "ULO" .. ra sah wedi karo wong wong sing koyo buris rowo ... nek koe ra kuat mbales ngantem .. yo ra sah mbales ... pisuhi wae .. nek ra wani yo nulis blogg koyo ngene ... nek ra iso nggawe blog utawane ra tekan atine yo di dongakke wae .... wong koyo ngono kui bakalan di wales sing Kuoso ... ning yo kui mbok no koe wong cilik ayo podo nggedekke ati .. iman dan takwamu marang sing murbeng dumadi ...

JiamPut-Tut

| | 0 sing Ranggagas

wis di bayar larang ... ning malah mbubrahke opo opo ... jan jane yo pener ning malah keblinger lha wong neng kene sing digolek dudu wong sing pener ... tapi batur alias babu !!! nek arep pener peneran ora neng kene nggonne ... menungso neng kene kudu ra nduwe rai ... ning kudu nduwe kulit badak sing di templekke neng raine dewe dewe ... nek koe dadi awakmu dewe .. akhire yo koyo aku ngene .. " ketulo -tulo " ..
wong jowo ngomong " jujur kojur " yo ono penere... nek neng kene pancen ra kudu jujur .. tambah pinter koe ngapusi juraganmu .. koe malah aman ... nek koe tumindak opo onone .. sing ono malah "mbededek" karo misuh thok ... trus nek wis ngono sopo sing kudu disalahke .. ora ono to ... lha trus ngopo ndadak ono fuckin HRD .. sing ra ono gunane neng kene ... mbok yo koe podo ndelok .. ngoco sik !!! koe wis mlaku pener rung !!! wong koe dewe yo rung pener wis wani wani mener ke wong liyo ...
Le jelas "PREK" sing mbok kandakke neng outbond ... masalah kejujuran ... masalah topeng .. hubungan kerja .. cuih .... neng kene ra kanggo ... sing kanggo .. koe kudu dadi robot sing isone gur njawab " SIAP F***IN BOSS " .. ngono to ....

ra sreg ... komen bae lah ...

konco po ULO

| | 0 sing Ranggagas

nek gur melek koe ra bakal iso mbedakke endi koncomu tenanan endi sing ulo ... kecuali koe wis tau "njeglek" utawa "nggludak" ... sopo sing cedakmu yo kui koncomu ... tapi sing ngesot lungo ... kui jenenge ULO ...
sak umur urip aku paling anyel karo sing jenenge ulo ... mbuh wedi mbuh gilo .. pokokke karo kewan iki tobat !!! nek weruh pilih mlayu ... ra iso mbayangke nek ulo kui ternyata koncone awakke dewe .. sing bakal nggibet .. karo nyokot ... whaaaaa....

Ra Bedo !!

| | 0 sing Ranggagas

jan jane menungso karo asu ki bedone gur sitik .. delok wae neng ndalan gede .. nek koe lagi penak numpak motor .. ujuk ujuk ono wong nyabrang tanpo ngreteng sik ... koe mesti muni .. " WO .. a**u ..!!! " kui nek ra bacut nggeblak sik ....
terus wong produksi sing di kon kerjo rodi tapi malah tunjangane di sunat ... nyawang pejabate kantor neng ati do muni ... " WO .. CINO A**U ..!! " dadi ra sah kaget nek neng kene okeh sing do njegog ... okeh sing do ngiler .. karo ndilat ndilat ... yo koyo ngono A**U ..

nek ra setuju komentari wae yo ...