Pornografi

| |

Ndelokke wong saiki marakke ngguyu dewe ... pejabat do upyik dewe dewe nggagas pornografi ... jan jane pinter tenan po keminter to yo ... wong koyo ngono wae ndadak di ributke ... masyarakat ra sah dikandani definis pornografi jane yo wis do mudeng kabeh ... buktine cah bayi bayi saiki wis do koleksi gambar karo film pono neng handpone dewe dewe ...
ra sah di kandani dul !!! wis do mudeng nek pornografi kui dudu seni !! dudu penghargaan terhadap karya imajinasi !! pornografi kui nek wong nyawang trus " Greng .. " yo kui .. ra sah ndelok adegan kasur ... neng pasar neng mall we iso ono pornografi ... kui ra iso di batasi karo undang undang ... opo meneh dilarang .. lha wong pornografi kui sifat menungso sing wis ono ket lair je ...
Saiki nek playboy indonesia dicekal iso wae ... tapi lha wong do iso ngarang cerita porno dewe dewe ... iyo to ... iso do nggawe film durasi pendek dewe dewe ... lha ngono kui ra bakalan iso di batasi .... dari pada mumet mikiri koyo ngono mbok nggo liane ... duite entek nggo rapat DPR ning ra ono hasile .. mbok nggo tuku SGM opo panganan .. trus di kekke neng bayi kurang gizi .. ning yo ra sah nganggo di korupsi ... nek nganti koyo ngono yo wis kiamat wae sisan .. ben rampung ....

0 sing Ranggagas: