kemaki ...+ ndobos...

| |


aku tau jagongan bareng koncoku ... trus critane lagi do ndobos koyo ngene ...
aku takon karo kancaku sing jenenge dian,sastro karo muni ... eh pren .. nek misalke koe nemu lampu ajaibe aladin trus koe entuk njaluk opo wae kekarepanmu ... koe meh njaluk opo ...
(dian) ... aku meh dadi wong sing paling sugih sadunia ..
(aku) lha ngopo ..?
(dian) mengko aku meh nuku pabrik sadunia .. trus tak gawe sistem monopoli nggo rantai perusahaan ku .... trus bar kui aku meh ngancurke usahane bosku ...
(aku) weeeh ... nek soe sas ?
(sastro) aku meh dadi suhune hacker sing ra umum ...
(aku) lha kok iso ?
(sastro) iyo mengko aku ben iso ngehack kabeh perangkat digital sing ono neng ndunia iki .. terutama nggone kabeh sing berhubungan karo nggone bosku ... ben kapok ... ben modar sisan ...
(aku) weeeeh .... lha nek mkoe mun ....
(muni) nek aku pengin dadi paranormal sing sekti mandraguna ...
(aku) wuih sangar ... trus ...
(muni) yo mengko aku iso ngobati penyakite wong sadunio ben mari kabeh .. kecuali 1 ...
(aku) sopo ..?
(muni) bosku .....
(aku) weeehhhh....
(dian-sastro-muni) lha koe opo dhab ....
(aku) gampang .... aku meh mateni bosmu wae ...
(dian-sastro-muni) wedan ... lha ngopo ...
(aku) lha wong jn jane penjalukan mu sing okeh tur umuk kui kan jan jane podo .. gur kepengin modarke juraganmu .... iyo to .. yo wis rasah angel angel dadi dukun po opo ....
(dian-sastro-muni) weeeehhhhh ....

1 sing Ranggagas:

arief sudarmono said...

dian-sastro-muni mesti nunggal sak pabrik kuwi...sa'ake bos-e lho, engko mikir trus piye carane ben do raiso mateni aq..nganti lali mangan, ngombe, adus, ...