cipoK'en .... saiki wae

| | 1 sing Ranggagas

fast aku nduwe konco wong wedok sing jenenge mbak tata karo mbak titi ... ceritane aku pengin cedak karo deknen ... ning sing jenenge wong kekancan luwih becik nek iso ngerti jroning atine ... yo to ....
ceritane aku sok sokan ngekki pitakonan .. koyo ngetes .. ning yo gur iseng wae ... aku nakok'i mbak tata karo mbak tati koyo ngene :

1. ta/ti , koe nek ra ndue duit trus kudu nyilih koncomu koe piye ?

(tata) : tak cedakki sik koncoku .. trus tak sumeh sumeh ke ..mengko nek wis pas wektune lagek tak tembung nyilih duit ..
(aku) : o.. di pancing 2 sik yo ... nek koe ti ?
(titi) : tak celuk wonge terus " mas/mbak
aku meh nyilih duit ono ra ?"
(aku) : weh .. langsung to ... ?

manTen ...

| | 1 sing Ranggagas

nek koe ngaku wis dadi wong sing kuat nglakoni urip .. koe kudu wani dadi manten ... lha iyo .. nek wong wis urip koyo ngene kui .. coro corone sekolah sing paling duwur tingkatane ... lulus po orane ... kui tergantung piye caramu nggarap soal yoiku cobaan sing ono neng keluargamu ...

Ono 3 soal gede sing iso nggawe crah keluargamu ning yo malah iso nggawe koe dadi kuat nglakuni urip bareng bojomu ...

1. Karep >>
wong nek wis siap nglakoni urip bebojon kui koyo dene wong meh lungo uadoooh banget ... le pisanan kudu mbok ngerti yo .. koe meh lungo neng ngendi ... kui sik !!! nek nganti saiki koe karo bojomu utawane calon bojomu rung ngerti sesuk meh ngopo ? sesuk meh neng ngendi ? yo koyo koe numpak pesawat ning pilote lagi ajaran ngeburke pesawat ... paling2 yo jiglok neng tengah dalan ... nek menurutku kekarepan mu kui ojo sing umuk .. ojo sing egois .. pokokmen kiro 2 iso mbok lakoni .. yo wis lakonono ....

Titenono ...

| | 2 sing Ranggagas

nyante wae pak ... kiro kiro 10 tahun kas aku siap nggantini awakmu ... pokokmen tak jamin luwih joss seko awakmu .. nek saiki aku wis ndelok coro mu mimpin negoro wis "rodo" mending timbangane liyane ... gur sing bosok kabinetmu ... ning yo ra kabeh ... (ojo nesu lho bos ... )
suk nek aku nggantini koe aku bakal nggawe 3 partai anyar .. iki tak kandani saiki ... nek arep mbok lakokke saiki yo luwih apik .. ning nek ora yo sak karepku ... le jelas aku gur pengin ngewangi koe yo pak ...

1. ParHas (Partai Mahasiswa) >>
kui partai sing bakalan ngurusi mahasiswa sak negoro indonesia ... sing milih ..yo mahasiswa ... wonge yo kudu mahasiswa ... mikirke kepentingane mahasiswa.. ngurusi mahasiswa sing kerep demo neng ndalan .. pokoke koyo presidene mahasiswa lah ...

Gusti Ketek Putih ...

| | 1 sing Ranggagas

Sing jenenge munyuk .. ketek .. lutung .. kui yo intine podo ... gaweanne pencilakkan neng ngendi wae .. ra nggagas opo sing di lakokke .. ra nduwe isin nek njaluk opo opo wae ...
pancen tak akui koe kui pinter ... sekti yo iyo ... lucu yo iyo .. ning polah tingkahmu kui jan njjikki tenan ... untunge aku kiyo keturunan mbah pitichan tropus kementus ... jik sak sedulur karo koe ... karo son go kong ...
Ning nek polahmu wis kemaki koyo yok yok'o ngono kui .. somo sing ra emosi cobo ... kene ki yo njagani tenanan ... nek koe meh mbubrahke panggonan .. neng gembira loka kono ...neng kono wis dicepakke nggone ... mengko aku tak urun gedang wis to ... le jelas koe ra sah kemaki yo ..
aku ngerti nek koe ra iso ngrubah polah tingkahmu ... mergo ra ono sekolah sing pas nggo koe ... ono ne sekolah pelatihan sirkus ...
Intine anggere ra pengin di grawut yo ojo nggrawut yo ... nek koe lulut .. wong do seneng ...ning nek ko nggilani aku yo huekk cuihh ... wis kono melu casting kera sakti wae ... sopo ngerti lolos .... ora ketang gur dadi figuran yo ra popo ....

/awan ...

| | 1 sing Ranggagas

Nek menurutku "perawan" kui ra bedo karo KTP ... soale yo gur ngono kui neng KTP kan isine gur nggo status tok .. till ... gur ngo mbedakke wis kawin po urung .. janda po duda ... yo gur ngono tok ...
Ora piye piye sih .. lha ning saiki nek cah lanang gur nggolek bojo sing perawan ... nek menurutku guoblook tenan .... nek gur nggolek perawan .. garek sms wae karo germone ayam kampus ... trus njaluk sing prodak anyar .. mesti lak dikekki sing perawan ... mbayarmu nggo ngrasakke perawan luwih murah timbangane biaya rabimu .... ra percoyo .. cobo dewe wae ... ra sah ngejak jak aku ...

ketokke ora adil banget .. nek wong wedok kui kon berjuang mati matian nggo mempertahankan status KTP ne iki .. mbok yo..o.. wong lanang yo dingonokke ...

wong wedok sing kelangan perawan kui wajar ... sing dadi ora wajar kui nek ndelok kasuse .. nek misalke ilang mergo di perkosa ... yo kui jenenge musibah ... mbok no awakmu wis di regeti wong sing ra semestine ... le penting Gusti Allah ora sare ... pancen koyo ngene nggawe cilik ati karo tatu sing ra iso ilang ... ning yo kui uripmu ora gur tekan kono tok .. perawan kui gur nggo status KTP ... siji sijine obat koe kudu okeh ndonga lan kudu luwih ngati ati tumindak ... opo sing mbok duweni neng awak ra sah di umbar ... ra sah diketok ketokke ...soalle sing nyawang kui ora gur menungso ... setan karo demit yo melu nyawang ..

nek sing ilange mergo kebablasen pas yang yangan.... piye ? wah nek kui ra ono sing di salahke .. lha piye ... sing jenenge rasa sayang karo yang-e mesti yo kecampur "nafsu" kui mesti ... nek ora mesti yo ra normal .... nek wis mulai cedak lanang-wedok .. pisan sih isin isin .. ning nek wis yo do njarag ... aseline wong kene (indo) ra bedo karo wong "londo" gur luwih nduwe isin sitik .. ra tek fulgar... ning yo jan jane kabeh menungso kui yo koyo ngono ... nduweni roso tresno karo nafsu ...wong jenenge lagi picek mergo roso atine dewe dewe ... tur yo wis do pengin .. nek wis koyo ngono ... nek iso yo ndang rabi ... ben dadi halal .. tapi nek ra iso yo do njaluk ngapuro sing tenanan karo Sing nggawe urip ...

Ning aku kok ra lilo yo .. nek sing di gembar gemborke kui perawan terus ... ra tau bujang ... padahal kan podo podo "status" ... ono gur film virgin .. sinetron aku gak perawan ... tapi ra ono film "bujang" .. padahal nek arep blak blakan .. wong lanang kui luih bosok nek masalah njogo ke"bujangan" nya ... ning yo ra tau ono sing ngribetke yo ...

Intine guoblok nek nganti saiki jek ngributke masalah perawan !!! .. nek meh ngributke kui nek Status KTP mu jek " Islam KTP " po " Kristen KTP " po sak jenisse ... sing koyo ngono kui sing kudu digagas tenanan .. jare ne Islam .. ning jek Tugas Luar jek mampir " NJAJAN" ... entuk fasilitas karo turah duit neng gur ngo golek filem Be eF .. nggo nggolek wedokkan ... wis cethu ngono .. ra gelem ngakoni ... tapi malah ngelek ngelekke wong liyo .... Ndeeesooooooo ....

Lagi ra NDobos ...

| | 1 sing Ranggagas

neng sawijining dino ... aku dolan neng gone koncoku sing jenenge " Dr.Moor Dreey MM.SH.Phd.SSSK.Sssss mbhuh oponeh .." neng ngayogyokarto ... aku kon nemuni dewekne neng Malioboro Mall ... aku markirke pit motorku neng Lor Mall ... terus mlaku neng pinggiran malioboro neng arah mall ...

tekan nggon pojokkan mall .. pas neng nggon ngarep MC D' .. aku mandeg dilit .. nyawang pemandangan apik ... neng MC D' kui kocone kan gedi ... dadi aku koyo nonton TV sing ukuranne guedi ... neng pojok lor ... ono wong2 wedok lagi do cekikian ... aku nganti ra iso ngeleg idu .. lha piye wong sandangane .. jan nobatke tenan ... wudel karo pupune do di ler ler ... trus ketokke do pamer susu ... nek wis koyo ngono mbok wis ra klamben wae yo ... pancen wonge bening bening .. rambute wae do di cet abing koyo pas kampanye partai banteng ... trus lambene ... jan ... ra nguati tenan ... neng mejone ono HP sing regane 5 yutonan luwih ... ketokke uripe wis penak tenan ... opo uripe nggo " menakke" wong liyo yo ...

trus neng jejere ono wong sing rodo perlente ... lanang wedok ... sing lanang do nganggo jas ... lagi ngutek ngutek laptop ... mbuh iso tenan po gur nggaya tok .. trus sing wedok yo lagi moco brosur paket kosmetik po opo .. ra tek jelas .. ning ketokke high class .. wong wong kui gur pesen burger karo ngombe cola ... opo lagi diet ra mangan sego .. po gur kemaki ben ra ketok urakkan yo ...

neng pojok sebelahe ono rombongan cah sekolahan .. ketokke jek SMP .. soale jek nganggo seragam .. nggowo tas sekolah ... okeh okehe wong wedok .. nek nyawang rupane .. ketokke cah cah kui yo wong kopen .. pesene panganan yo ra umum .. tambah es cream sing macem macem .. marakke pengin wae ... koyo koyo wis neng omahe dewe .. do pencilakkan .. do ngguya ngguyu ..ono sing foto fotonan karo HP camera-ne ... wong koyo ngono ketokke ra nggagas duit .. pokokke garek njaluk wong tuone dewe dewe .. iso dikiro kiro sedino sangune dekke ketokke tikel tikel dibanding gajine koncoku sing lagi meres kringet neng pabrik ...

sing marakke lucu ... nek kui mau kan neng nggon MC D sing koyo tv guedi... lha neng ngisore pas .. koyo dadi penonton ... okeh wong do ngathung ... nek di sawang ketokke ra tau adus seminggu.. eh ra ding sesasi yakke ... wis di rubung laler .. korengen ... hyeekkk .. njijikki tenan ... ono sing cah cilik sing luethek ... yo melu "nyuwun porang paring " ... padahal nek di gagas sing neng njero tv guedi kui garek nguncalke duit atusan ewu sakwonge paring yo ra kroso yo ....

Lagi seneng nyawang pemandangan ngono kui .. ujuk ujuk ono sing nyeblek ko mburi .. jebul koncoku Dr. Moor Dreey kui mau ... singkat cerito aku di jak dolan neng kantore deknen ... tekan nggone pas jam ngaso ... dadi aku weruh buruh buruh pabrik neng kantore deknen do nggreguduk kantin sing neng cedak kono .. wis luwe ketokke yo ... trus neng sebelah kantin sing digrudug kae mau yo ono kantin meneh sing luwih apik ... ketokke do dinggo bos bose kono .. opo sop mbuh ... trus aku takok karo koncoku ...

(aku) Lha koe mangan neng ngendi dhab ...
(koncoku) yo neng kono <>
(aku) yo wis kono manganno .. tak enteni neng kene .. lha wong aku mau wis jajajn ...
(koncoku) wegah ...!!
(aku) lha ngopo ... poso to ????
(koncoku) ora ...
(aku) lha trus ....
(koncoku) nek koe pengin urip seneng .. koe kudu tau ngrasakke urip rekoso ....
opo meneh nek sing ngekki pangan koe kui justru sing nggawe rekoso dalanmu ...
nek entuk milih ... jan jane jatahkumangan tak kekke wong sing do rebutan lawuh neng kantin sebelah kono kui ....
(aku) ???&*^%$^&^? ra dong kang ... wong dikekki penak kok malah njaluk susah ... piye to kang ...
(koncoku) YO BEEN ... aku ra pengin sedulurku sing lagi susah ... aku malah menakke awak karo wong sing nggawe susah deknen ..... !!!
(aku) woooh ....

Kado Nggo Koe ....

| | 0 sing Ranggagas

FUCK YOU ... banget ... goro goro koe .. kabeh dadi rekoso .. ra cah bayi ... wong enom ... wong tuo .. kabeh dadi rekoso ... ngopo to koe ndandak mrene ...ngopo to koe ndadak ngganggu katentremanku karo sedulur2 ku ... goro goro koe aku wis ra percoyo ... aku wis wegah nyedak ... opo meneh ngambu awakmu kui ... huekkk ...
anggere aku nduwe doyo nggo mateni koe .. wis tak pateni ket ndisik koe pas nggawe masalah neng kene ...
koe ki marakke kabeh dadi ra iso ngopo opo ... wong sing ra melu urusan karo koe dadi kepelu pelu ... anyel .. marakke nangis geteh ... markke rekoso saklawase ...
aku dadi ra doyan mangan ... kabeh dadi aras arasen mangan ... nek weruh koe malah dadi nggreges ... gemrebeg .... ra penak blas !!!
wong sing do sugih yo meneng wae .. jan jane nggags tenan po ora to ... ngerti koyo ngono di jarke wae .. mosok yo kudu nekakke dukun santet sak ndunio ...

FUCK YOU ...!!! FUCK YOU !!! ... FUCK YOU FLU BURUNG .... !!! FLU BURUNG ... MINGGATO ... MODARRO KONO !!!

Biasa Wae Lah .....

| | 0 sing Ranggagas

Ono wong le panas atine goro2 moco tulisan iki .. tapi biasa wae lah ...
Ono wong prengas prenges moco blogku ... tapi biasa wae lah ....
Ono wong sing ra mudeng ukoroku ... tapi biasa wae lah ...
Ono wong sing ngandak ngandakke karo konco2 ne alamat bloggku iki ... tapi biasa wae lah ..
Ono wong sing meh protes karo isi bloggku .. tapi biasa wae lah ....
Ono wong sugih ... sing meh nggawe kasus goro goro bloggku .. tapi biasa wae lah ...
Ono wong sing mutah mutah weruh bloggku ... tapi biasa wae lah ....
Ono wong sing gaweane ngekki komen neng postinganku ... ning biasa wae lah ....
Ono pejabat kantoran sing nesu karo kritikkan bloggku ... ning biasa wae lah ....
Ono wong sing ngasu -ngasuke sing nggawe blogg iki ... ning biasa wae lah ....
Ono wong sing ranggagas blogg iki ... yo biasa wae lah ....
Iki kan gur RANGGAGAS ... :) :) dadi BIASA WAE LAH yo ....

Gaweaaannn ....

| | 0 sing Ranggagas

ngomong masalah gawean .. aku nduwe pendapat dewe ... ning yo ngono kui mau ... iki gur pendapatku ... seneng ra seneng terserah koe sing moco ... trus sori nek tulisan iki nggawe loro ati koe .. keluargamu utowo konco2 mu ... le jelas iki gur pendapatku ... "RANGGAGAS" koe meh komentar piye yo ....
nek menurutku ono 3 gawean sing paling njinjiki yoiku :

1. Artis (celebritis ) >>
Uanyel tenan karo profesi iki .... nyadar po ora to .. seleb kui sing kudu tanggungjawab karo bejate moral wong indonesia saiki .. sing ngancurke wong enom ... polah tingkahmu neng tv kui gawe ketimpangan sosial sing gede banget ... gawe contoh sing CUIIIH.. banget ....
2. Polisi (Oknum tapi meh kabeh) >>
wah nek iki luih kejem seko rentenir ... koyo koyo iblis bersayap putih ... nyandange sangar .. diwedeni wong okeh .. ning nek pisan priit ... minimal 20 ewu ... opo neh nek nganti digeret neng sel ... yo mayuto yuto ... jan jane koe ki di kon golek penjahat po golek duit to ... mbok nek meh golek duit ngrampok wae ... malah luwih sangar ... ra sah petantang petenteng neng ndalan .. karo golek golek kesalahane wong cilik ... paling buntute yo njaluk duit to ... wuuuu .... kere ........
3. Wakil rakyat ( sing korup .. tapi yo meh kabeh ) >>
Lha nek iki ... kudune wis kecatet neng Guiness Book of Record ... katagori MLM paling suksess sak ndunio .... lha mosok munyuk munyuk sing lungguh neng rumah dinas... neng kursi empuk .. nganggo jas .. safari ... jek iso prengas prenges ...nguntal duit rakyat ... jarenen dari rakyat untuk rakyat .. lha kok duite rakyat .. mbok untal dewe .... wes jan ... tenan wong koyo ngono kui tak dongakke ra iso ngising penak .....

Nek gawean paling mulyo .. tumrapku ono 3 :
1. Ibu Rumah Tanga >>>
wah nek iki gawean paling mulyo sakdunio .. wis ra sah di buktekke karo fakta .. ra ono ukoro nggo ngekki penghargaan karo profesi paling mulyo iki .... mulo berbahagialah koe wong wedok .. sing iso dadi inu rumah tangga .... ngopeni anak bojo karo keluargane ....
2. Guru >>>
wong sing iso koyo ngene iki .. sesuk antri neng sorga nggon ngarep dewe ... ilmu ilmune sing diajarke muride kanthi ikhlas .. bakal ngalahke bunga bank sakdunio ..... mulo nek koe nduwe ilmu ra sah ragu ragu .. ra sah medit go ngajarke neng wong liyo .. nek perlu .. gratis ....
3. Buruh >>>
embuh kui buruh tani .. buruh bangunan .. nelayan opo buruh pabrik (wong produksi) ... kui wong wong sing iso kerjo tenanan .. ra koyo bos bose sing gelem gur penak karo penak ... ra gelem rekoso ... nek keleru sing di sikat anak buahe .. nek pener ... raine di jok jokke ....

pilem ....

| | 0 sing Ranggagas

aku tau nonton film neng tivi ... ning mbuh judule opo ...lali ... le jelas ono adegan sing aku tetep eling lan nggawe penyawanganku neng wong dadi rodo bedo titik ... kui jane film action ... neng kono ono suhu lagi omongan karo murid ... kurang luwihe ngene :
(suhu) Le .. reneo tak kandani ...
(murid) ono opo su ... (suhu.red)
(suhu) .. cobo deloken ... menurutmu iki opo ....
" si suhu ngetokke kertas HVS 80 gr terus nggambar ondol ondol cilik neng tengahe kertas "
(murid) kui ondol ondol su ....
(suhu) yo ngono kui menungso !!!!
(murid) ???&^%$#*?? ... LHA PIYE TO SU ...
(suhu) menungso kui mesti ndelok irenge sik timbangane putihe ... mbokno irenge cilik yo sing di omongke irenge .... aku ki ngeki koe kertas putih ono ondol ondole cilik !! tapi koe gur nyebutke ondol ondol cilike tok ... ra nggagas kertas putihe ....

mudeng ra karepe film kui ... maune aku ra langsung mudeng .. ning mbarang di gagas .. pancen pener ... saiki wong luwih bangga nek ngerti cacate .. cirine ... wadine ... elekke wong liyo ... timbangane opo sing wis dilakokke selama iki ...
opo yo koyo ngono sing jenenge adil ... nduwe salah gur sepele ... jan jane iso didandani ... ning malah nampo hukuman sing ra semestine .... anggere aku eling judul filme kui tak kopy tenan .. tak kekke karo wong sing do rumongso pener kui ... wong sing ra do rumongso salah ... wong sing gur isone nyacat ... wong sing ra ngregani kringete wong liyo ....

nGGlinding wae yo ....

| | 0 sing Ranggagas

anget yo nek wis koyo ngono ... ketoke aman .. arep piye piye tetep penak ... tapi mengko nek wis melek yo balik dewe dewe .. kudu iso mlaku dewe dewe ... kudu iso survive ...
koyo roda grobag sing ngglinding ... kadang neng dalan alus .. kadang becek kadang nganggo kebanan barang ... pokoke lakune urip kui ra penak karo penak ... mesti ono wayahe wong kudu sabar ... ono wayahe wong kudu nrimo opo sing wis kudu dadi dalane ... ojo sok memvonis nasibe dewe dewe .. koyo koyo koe le ngatur masa depanmu ... kan koe ra ngerti sesuk masa depanmu bakal kepiye ... nek durung durung koe wis nglokro .. yo percuma ... sia sia kabeh opo sing mbok karepke ..