Lagi ra NDobos ...

| |

neng sawijining dino ... aku dolan neng gone koncoku sing jenenge " Dr.Moor Dreey MM.SH.Phd.SSSK.Sssss mbhuh oponeh .." neng ngayogyokarto ... aku kon nemuni dewekne neng Malioboro Mall ... aku markirke pit motorku neng Lor Mall ... terus mlaku neng pinggiran malioboro neng arah mall ...

tekan nggon pojokkan mall .. pas neng nggon ngarep MC D' .. aku mandeg dilit .. nyawang pemandangan apik ... neng MC D' kui kocone kan gedi ... dadi aku koyo nonton TV sing ukuranne guedi ... neng pojok lor ... ono wong2 wedok lagi do cekikian ... aku nganti ra iso ngeleg idu .. lha piye wong sandangane .. jan nobatke tenan ... wudel karo pupune do di ler ler ... trus ketokke do pamer susu ... nek wis koyo ngono mbok wis ra klamben wae yo ... pancen wonge bening bening .. rambute wae do di cet abing koyo pas kampanye partai banteng ... trus lambene ... jan ... ra nguati tenan ... neng mejone ono HP sing regane 5 yutonan luwih ... ketokke uripe wis penak tenan ... opo uripe nggo " menakke" wong liyo yo ...

trus neng jejere ono wong sing rodo perlente ... lanang wedok ... sing lanang do nganggo jas ... lagi ngutek ngutek laptop ... mbuh iso tenan po gur nggaya tok .. trus sing wedok yo lagi moco brosur paket kosmetik po opo .. ra tek jelas .. ning ketokke high class .. wong wong kui gur pesen burger karo ngombe cola ... opo lagi diet ra mangan sego .. po gur kemaki ben ra ketok urakkan yo ...

neng pojok sebelahe ono rombongan cah sekolahan .. ketokke jek SMP .. soale jek nganggo seragam .. nggowo tas sekolah ... okeh okehe wong wedok .. nek nyawang rupane .. ketokke cah cah kui yo wong kopen .. pesene panganan yo ra umum .. tambah es cream sing macem macem .. marakke pengin wae ... koyo koyo wis neng omahe dewe .. do pencilakkan .. do ngguya ngguyu ..ono sing foto fotonan karo HP camera-ne ... wong koyo ngono ketokke ra nggagas duit .. pokokke garek njaluk wong tuone dewe dewe .. iso dikiro kiro sedino sangune dekke ketokke tikel tikel dibanding gajine koncoku sing lagi meres kringet neng pabrik ...

sing marakke lucu ... nek kui mau kan neng nggon MC D sing koyo tv guedi... lha neng ngisore pas .. koyo dadi penonton ... okeh wong do ngathung ... nek di sawang ketokke ra tau adus seminggu.. eh ra ding sesasi yakke ... wis di rubung laler .. korengen ... hyeekkk .. njijikki tenan ... ono sing cah cilik sing luethek ... yo melu "nyuwun porang paring " ... padahal nek di gagas sing neng njero tv guedi kui garek nguncalke duit atusan ewu sakwonge paring yo ra kroso yo ....

Lagi seneng nyawang pemandangan ngono kui .. ujuk ujuk ono sing nyeblek ko mburi .. jebul koncoku Dr. Moor Dreey kui mau ... singkat cerito aku di jak dolan neng kantore deknen ... tekan nggone pas jam ngaso ... dadi aku weruh buruh buruh pabrik neng kantore deknen do nggreguduk kantin sing neng cedak kono .. wis luwe ketokke yo ... trus neng sebelah kantin sing digrudug kae mau yo ono kantin meneh sing luwih apik ... ketokke do dinggo bos bose kono .. opo sop mbuh ... trus aku takok karo koncoku ...

(aku) Lha koe mangan neng ngendi dhab ...
(koncoku) yo neng kono <>
(aku) yo wis kono manganno .. tak enteni neng kene .. lha wong aku mau wis jajajn ...
(koncoku) wegah ...!!
(aku) lha ngopo ... poso to ????
(koncoku) ora ...
(aku) lha trus ....
(koncoku) nek koe pengin urip seneng .. koe kudu tau ngrasakke urip rekoso ....
opo meneh nek sing ngekki pangan koe kui justru sing nggawe rekoso dalanmu ...
nek entuk milih ... jan jane jatahkumangan tak kekke wong sing do rebutan lawuh neng kantin sebelah kono kui ....
(aku) ???&*^%$^&^? ra dong kang ... wong dikekki penak kok malah njaluk susah ... piye to kang ...
(koncoku) YO BEEN ... aku ra pengin sedulurku sing lagi susah ... aku malah menakke awak karo wong sing nggawe susah deknen ..... !!!
(aku) woooh ....

1 sing Ranggagas:

arief sudarmono said...

pabrik-e neng ndeso Jogja opo neng ndeso Klaten je pak?