manTen ...

| |

nek koe ngaku wis dadi wong sing kuat nglakoni urip .. koe kudu wani dadi manten ... lha iyo .. nek wong wis urip koyo ngene kui .. coro corone sekolah sing paling duwur tingkatane ... lulus po orane ... kui tergantung piye caramu nggarap soal yoiku cobaan sing ono neng keluargamu ...

Ono 3 soal gede sing iso nggawe crah keluargamu ning yo malah iso nggawe koe dadi kuat nglakuni urip bareng bojomu ...

1. Karep >>
wong nek wis siap nglakoni urip bebojon kui koyo dene wong meh lungo uadoooh banget ... le pisanan kudu mbok ngerti yo .. koe meh lungo neng ngendi ... kui sik !!! nek nganti saiki koe karo bojomu utawane calon bojomu rung ngerti sesuk meh ngopo ? sesuk meh neng ngendi ? yo koyo koe numpak pesawat ning pilote lagi ajaran ngeburke pesawat ... paling2 yo jiglok neng tengah dalan ... nek menurutku kekarepan mu kui ojo sing umuk .. ojo sing egois .. pokokmen kiro 2 iso mbok lakoni .. yo wis lakonono ....


2. Duit >>
gandeng koe kabeh saiki urip neng ndunio ... gelem ra gelem koe butuh duit nggo urip .. ra urusan duit kui entuk ko ngendi ... koe tetep butuh ... tur ra sithik ... uakiiih banget ... ono le ngomong aku ra butuh "bondhomu" ning aku butuh "tresnomu" .. preketek lah ... opo yo karo tresno koe iso tuku beras ..? opo karo tresno koe iso tuku obat pas bojomu loro ? ... ra to !! koe tetep butuh duit ... mulo dadi wong ojo do kesed nyambut gawe ... ra sahgengsi nggolek gawean .. kecuali wong tuomu jik turah duit ... ra masalah ... garek ngathung ... ning ati ati ... terutama sing wedok ... nek koe iso luwih pinter nggolek duit seko sing lenang .. kui yo iso dadi molo .... mengko iso iso do nyepelekke ... sing lanang dadi ra kajen ... mergo ra iso ngopeni bojone .... Nek wis koyo ngono ... wis urip karo bojone dewe koyo urip neng neroko !!!

3. Wong Liyo >>
sik jenenge wong lungo ... kui mesti ketemu wong liyo ... sok ketemu pengamen ..sok ketemu wong njaluk njaluk ... copet ... sedulur ... lan lia liane ... kabeh kui mesti kedaden ... mbokno koe karo bojomu wis kuat mlaku wong loro .. tapi ati ati karo tamu sing ora di songko ... iso kui wong tuomu dewe ... morotuomu ... koncomu .. sedulurmu ... utawane ... blas ra kenal .... kabeh iso njebloske koe neng masalah sing ra di songko songko ... ojo kaget .... kadang sedulur kui luwih kejem seko ULO ... kadang morotuo kui luih trengginas ... opo neh wong sing dudu opo2 neng keluargamu .... gur goro goro salah le ngukur lemah warisan we iso santet-santetan ... gur utang 50 ewu ra di balekke we .. ra gelem mlengo ... wah wis yo koyo ngono kui nek wis kelebon kerikil seko njobo ...

Kabeh mau janjane gampang ... nek benteng mu wis kuat .. lakumu bakal iso tekan nggonne kanthi apik ... bentenge kui yo "Agomo" ... endi le agomo ne apik .... wis to .... ra ono sing angel ... nek ke "karep"an ne mbok dasari agomo ... koe bakal entuk pitulungan karo Gusti Allah ... mbok no koe ora turah "Duit" .. nek koe tetep iso syukur karo opo opo sing di kekki Gusti Alloh ... ra ono istilahe kurang ... onone turah .... Nek koe gelem ngunggahke iman mu .. le jenenge "Wong Liyo" bakal dadi sedulur sing apik ... ora malah sak walikke ....

Kabeh kui ra bedo karo keluarga besar sing neng pabrik ku kene ... ning jan njijikki tenan ... jan jane yo lagi wae .. bapak2e karo ibu2ne do sepakat nduwe ke"karep"an ...nek boso kerene MOU opo op ... ra dong .... ning nyatane ... lagi wae arep di tenani .. wis do paten patenan dewe2 ... wis do jegal jegalan .... sing neng nduwur di geret medun ... sing nengisor di pakakke nduwur ...
Nyawang juragane do koyo ngono ... marakke mumet ...ngandani yo ra iso ... misuh opo neh ... iso iso di "demosi" dadi tukang resik2 wc .... kui durung masalah duit ... di irit irit po medit ... ra iso mbedakke ... sing kudune dadi hak malah di sunat ... sing maune rodo nggawe penak ... di sikat ... koyo koyo nggawe undang2 ra nyawang piye sing bakal nglakokke ... jarene kebijaksanaan ... ning malah dadi ke-bajingan !!! sing di gagas masalah sing cilik ... ono ne ra seneng karo rupo ... ra nyawang gaweane ... yo bejo wae sing nduwe tampang ayu titik utawane rodo perlente ... le penting rodo kinclong ... masa depan cerah ... nek sing mbutuhul koyo bakul thiwulyo ... ngenen iki ... nek wis koyo ngono kui ngetoki nek "agomo" ra di nduweni neng juraganku yo ...

1 sing Ranggagas:

umi said...

matur nuwun sakageng-agengipun kagem kajeng prabu, amargi kulo sakmeniko sadar anggen kulo mikir bab masalah manten dereng leres, matur suwun sanget, ...

ra iso ngganggo boso kromo .. :D