Gaweaaannn ....

| |

ngomong masalah gawean .. aku nduwe pendapat dewe ... ning yo ngono kui mau ... iki gur pendapatku ... seneng ra seneng terserah koe sing moco ... trus sori nek tulisan iki nggawe loro ati koe .. keluargamu utowo konco2 mu ... le jelas iki gur pendapatku ... "RANGGAGAS" koe meh komentar piye yo ....
nek menurutku ono 3 gawean sing paling njinjiki yoiku :

1. Artis (celebritis ) >>
Uanyel tenan karo profesi iki .... nyadar po ora to .. seleb kui sing kudu tanggungjawab karo bejate moral wong indonesia saiki .. sing ngancurke wong enom ... polah tingkahmu neng tv kui gawe ketimpangan sosial sing gede banget ... gawe contoh sing CUIIIH.. banget ....
2. Polisi (Oknum tapi meh kabeh) >>
wah nek iki luih kejem seko rentenir ... koyo koyo iblis bersayap putih ... nyandange sangar .. diwedeni wong okeh .. ning nek pisan priit ... minimal 20 ewu ... opo neh nek nganti digeret neng sel ... yo mayuto yuto ... jan jane koe ki di kon golek penjahat po golek duit to ... mbok nek meh golek duit ngrampok wae ... malah luwih sangar ... ra sah petantang petenteng neng ndalan .. karo golek golek kesalahane wong cilik ... paling buntute yo njaluk duit to ... wuuuu .... kere ........
3. Wakil rakyat ( sing korup .. tapi yo meh kabeh ) >>
Lha nek iki ... kudune wis kecatet neng Guiness Book of Record ... katagori MLM paling suksess sak ndunio .... lha mosok munyuk munyuk sing lungguh neng rumah dinas... neng kursi empuk .. nganggo jas .. safari ... jek iso prengas prenges ...nguntal duit rakyat ... jarenen dari rakyat untuk rakyat .. lha kok duite rakyat .. mbok untal dewe .... wes jan ... tenan wong koyo ngono kui tak dongakke ra iso ngising penak .....

Nek gawean paling mulyo .. tumrapku ono 3 :
1. Ibu Rumah Tanga >>>
wah nek iki gawean paling mulyo sakdunio .. wis ra sah di buktekke karo fakta .. ra ono ukoro nggo ngekki penghargaan karo profesi paling mulyo iki .... mulo berbahagialah koe wong wedok .. sing iso dadi inu rumah tangga .... ngopeni anak bojo karo keluargane ....
2. Guru >>>
wong sing iso koyo ngene iki .. sesuk antri neng sorga nggon ngarep dewe ... ilmu ilmune sing diajarke muride kanthi ikhlas .. bakal ngalahke bunga bank sakdunio ..... mulo nek koe nduwe ilmu ra sah ragu ragu .. ra sah medit go ngajarke neng wong liyo .. nek perlu .. gratis ....
3. Buruh >>>
embuh kui buruh tani .. buruh bangunan .. nelayan opo buruh pabrik (wong produksi) ... kui wong wong sing iso kerjo tenanan .. ra koyo bos bose sing gelem gur penak karo penak ... ra gelem rekoso ... nek keleru sing di sikat anak buahe .. nek pener ... raine di jok jokke ....

0 sing Ranggagas: