/awan ...

| |

Nek menurutku "perawan" kui ra bedo karo KTP ... soale yo gur ngono kui neng KTP kan isine gur nggo status tok .. till ... gur ngo mbedakke wis kawin po urung .. janda po duda ... yo gur ngono tok ...
Ora piye piye sih .. lha ning saiki nek cah lanang gur nggolek bojo sing perawan ... nek menurutku guoblook tenan .... nek gur nggolek perawan .. garek sms wae karo germone ayam kampus ... trus njaluk sing prodak anyar .. mesti lak dikekki sing perawan ... mbayarmu nggo ngrasakke perawan luwih murah timbangane biaya rabimu .... ra percoyo .. cobo dewe wae ... ra sah ngejak jak aku ...

ketokke ora adil banget .. nek wong wedok kui kon berjuang mati matian nggo mempertahankan status KTP ne iki .. mbok yo..o.. wong lanang yo dingonokke ...

wong wedok sing kelangan perawan kui wajar ... sing dadi ora wajar kui nek ndelok kasuse .. nek misalke ilang mergo di perkosa ... yo kui jenenge musibah ... mbok no awakmu wis di regeti wong sing ra semestine ... le penting Gusti Allah ora sare ... pancen koyo ngene nggawe cilik ati karo tatu sing ra iso ilang ... ning yo kui uripmu ora gur tekan kono tok .. perawan kui gur nggo status KTP ... siji sijine obat koe kudu okeh ndonga lan kudu luwih ngati ati tumindak ... opo sing mbok duweni neng awak ra sah di umbar ... ra sah diketok ketokke ...soalle sing nyawang kui ora gur menungso ... setan karo demit yo melu nyawang ..

nek sing ilange mergo kebablasen pas yang yangan.... piye ? wah nek kui ra ono sing di salahke .. lha piye ... sing jenenge rasa sayang karo yang-e mesti yo kecampur "nafsu" kui mesti ... nek ora mesti yo ra normal .... nek wis mulai cedak lanang-wedok .. pisan sih isin isin .. ning nek wis yo do njarag ... aseline wong kene (indo) ra bedo karo wong "londo" gur luwih nduwe isin sitik .. ra tek fulgar... ning yo jan jane kabeh menungso kui yo koyo ngono ... nduweni roso tresno karo nafsu ...wong jenenge lagi picek mergo roso atine dewe dewe ... tur yo wis do pengin .. nek wis koyo ngono ... nek iso yo ndang rabi ... ben dadi halal .. tapi nek ra iso yo do njaluk ngapuro sing tenanan karo Sing nggawe urip ...

Ning aku kok ra lilo yo .. nek sing di gembar gemborke kui perawan terus ... ra tau bujang ... padahal kan podo podo "status" ... ono gur film virgin .. sinetron aku gak perawan ... tapi ra ono film "bujang" .. padahal nek arep blak blakan .. wong lanang kui luih bosok nek masalah njogo ke"bujangan" nya ... ning yo ra tau ono sing ngribetke yo ...

Intine guoblok nek nganti saiki jek ngributke masalah perawan !!! .. nek meh ngributke kui nek Status KTP mu jek " Islam KTP " po " Kristen KTP " po sak jenisse ... sing koyo ngono kui sing kudu digagas tenanan .. jare ne Islam .. ning jek Tugas Luar jek mampir " NJAJAN" ... entuk fasilitas karo turah duit neng gur ngo golek filem Be eF .. nggo nggolek wedokkan ... wis cethu ngono .. ra gelem ngakoni ... tapi malah ngelek ngelekke wong liyo .... Ndeeesooooooo ....

1 sing Ranggagas:

bahtiar@gmail.com said...

wah ... sangar tenan dab ..:)