kabeh kui apik ....

| |

menungso kui gudange salah ... ra ono menungso sing paling pener kecuali utusane Gusti Allah ... menungso wis di kek'i nikmat sing turah turah ... ning ora sitik wong sing gaweane gur ngedumel wae ... koyo koyo ra tau diparingi opo opo ...
jan jane nek koe iso nggedekke roso syukur karo sing Kuoso .. kabeh ki dadi kroso penak ...
Nek jare koncoku sing ra gelem disebutke jenenge ... Gusti Allah kui maringi anugrah sing paling guediii yoiku "Cinta" ... bener banget sih ... mergo roso iki aku iso njedul neng dunia iki .. aku iso kuat nglakoni uripku yo goro goro " cinta " ...
tapi kadang pancen roso iki dadi boomerang nggo lakone awake dewe ... kadang roso iki dadi roso sing paling iso nglarani ati ... mending di kamplengi wong cino ... timbangane loro mergo roso iki .. yo ra ... ??
nek kanggone konco koncoku sing jik singgle .. cinta kui koyo soal CPNS sing bar di garap warikcanggih .. :) .. milih A opo B yo .. C opo D yo .. opo di pilih kabeh ... opo ora kabeh ..Ashhh embuh lah .... dadi bingung ..... ning pesen ku .. nek koe ra siap milih mending pasrahke wae karo Gusti Allah sing bakal ngekki pilihan sing paling apik nggo koe kabeh ... yo apik nggo sing liane .... ra sah cilik ati karo opo opo sing wis dadi kenyataan ... durung karuan opo sing mbok bayangke apik kui bakal dadi apik nggo masa depan mu .. semono ugo sing mbok arani ora apik .. nek dilakoni kanthi ikhlas .. mesti bakal dadi apik nggo kabeh ...
kuncine koe kudu jujur karo atimu dewe ... ra sah perlu ditutup tutupi .. soale opo sing dadi kekurangan go kowe malah iso dadi kelebihan nggo koe .... anggere koe iso jujur lan ikhlas nompo opo sing wis di kek'ke Gust Allah ...

0 sing Ranggagas: